Sunday, August 18, 2013

Nek Nganggur Ojo Meneng, Nek Meneng Ojo Nganggur

Menungso iku akeh godane. Yo wajar sakjane, amarga manungso iku diparingi dening Gusti Alloh ati lan akal. Dadi yo pancen iso molak-malik alias ora ajeg. Nha nek wis ngerti koyo ngono kui,, kudune sik jenenge menungso iku yo kudu iso ngjogo awake dhewe. Piye ben ora gampang kena girigodha soko njobo.

Lha gegandhengan karo bab iki. Ana salah sawijining Guru sik ngendika koyo dene judul sik tak gawe ono ing artikel iki "Nek Nganggur Ojo Meneng, Nek Meneng Ojo Nganggur, ". Maksude piye ngono iku? Yo sabar sedhilit, tak jelasne bar iki.

Ngene co konco...
Dadi nek pas awake dhewe iku lagi nganggur ora ono gaweyan opo maneh dhewekan, pancene apike ora mung ngelamun thok. Amarga ngono iku cedhak karo godhane syaiton (yo arepo setan kui yo salah sijine soko unsur menungso). Terus apike piye neng pas dhewekan opo pas nganggur? Apike karo nglakoni perkara sing apik. Koyo to tafakkur, dzikir, opo perkara sik liyane. Pokoke piye carane ben atine iku iso temata. Syukur-syukur temataning ati kui nyedhaki maring Gusti Alloh.

Lha nek ternyata wis meneng kok tetep urung iso mengkondisikan awake dhewe opo roso neng jroning ati ben temata, yo ojo diteruske le meneng. Apike metu ketemu konco-konco sik kiro-kiro iso menehi semacam pencerahan. Dadi metu soko omah, utawa ngundang konco-konco sing apik. Ojo nganti ngundang konco-konco sing malah iso njlomprongake awake dhewe.

Yo pancen rada angel tafsirane, le nafsirke kudu tenanan. Mugo-muga wae tulisan iki iso dingerteni kanthi apik. Dene kok tetep durung iso, berarti yo sik nulis iki kudu sinau maneh babagan nulis artikel nganggo boso jawa. Pancene yo ora gampang cah, opo maneh nganggo boso kromo inggil. Lha dalah, iso ga rampung-rampung iku dadine.

Kayane cukup semene dhisik le nggonku nulis artikel, mugo-mugo sesuk-sesuk iso nulis artikel boso jowo kang luwih temata lan luwih gampang dingerteni.

Salam Boso Jowo!!

*Salaman*

2 comments:

  1. hahaha.. iki tulisane sampeyan mbok tulung diterjemahke ben iso dingerteni karo co konco sing ora iso boso jowo... hahaha lucu yo nek nulis nggo boso jowo :D

    ReplyDelete
  2. Hahaha........ yosesuk kapan-kapan tak terjemahke. Pancene lagi pengen nulis nganggo boso Jowo. Mengko dilit neh nulis nggo boso Inggris :D

    ReplyDelete